Selasa, 12 April 2011

Kancil lan Baya

Ana ing sawijining dina, kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir kali. Dheweke lagi susah mergane wetenge krasa luwe. Wis wiwit wingi kancil ora mangan apa-apa amarga timun kang ditanduri pak tani padha cmati gabug. Pas mlaku ana ing cedhak wit randhu sing nggo tetenger desa, kancil ketemu karo kelinci. Kelince takon karo kancil kenangapa yen dheweke keton lemes. Kancil banjur crita marang si kelinci. Sawise ngerti masalahe, kelinci menehi ngerti yen ning desa sebrang kali lagi panen timun. Sawise krungu critane kelinci, kancil dadi kemecer. Kancil langsung mlayu nggenjrit karo mbengok nganti lali ora pamitan maring kelinci. Kancil meneng. Ngadeg kaya patung. Ora obah babar pisan sak tekane pinggir kali ana ing pinggir desa. Dheweke nganti lali yen kali bates desa iki kali gedhe sing akeh bayane.

kancil mlaku maju. Sikile mlebu kali sithik mbaka sithik. Dumadakan baya gedhe wis ana ing ngarep kancil. Tangane wis nyekeli sikile kancil. Baya gedhe mau wis arep nyaplok awake kancil sing katon kuru. Ning dhasar kancil, nek kepepet kaya ngene iki malah pikirane bisa mletik.
Kancil langsung nggawe alasan yen dheweke lagi di utus kanjeng nabi sulaiman kang arep maringi rejeki marang kaum baya lan dheweke kudu ngetung ana pira baya ana neng kali iki ujare kancil marang para baya.

“Kowe kabeh saiki baris jejer jejer seka pingir kali iki tekan pinggir kali kana. Aku terus ngetungi siji-siji karo mlumpat gegermu.” Ujare si kancil. Bar dikandhani carane, baya-baya sing wis ngumpul mau padha bubar terus nata dhewe dhewe kathi urut. Kancil banjur mlumpati bayane siji-siji karo ngetungi cacahe baya. Ana telung puluh sanga cacahe.

Mbasan wis tekan pinggir kali, kancil mlayu mbradhat sipat kuping ninggalake baya sing isih jejer ngenteni. Akhire baya lagi sadhar yen wis diapusi kancil. Kancil saiki kewaregen timun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar